MAKALAH
BAHASA JAWA
PEWAYANGAN
Dening :
Siti Nur Khosidah
XII TKJ2
YAYASAN PUSAT
PENGEMBANGAN SAINS DAN TEKNOLOGI TEXMACO
SMK TEXMACO
PEMALANG
JL. Pemuda No. 36 A
Telp. (0284) 323070 Fax. (0284) 323071 Pemalang 52313
Website : www.smktexmacopemalang.sch.id
2014
PURWAKA
Puji
syukur kulo aturaken ingkang kehadirat Allah SWT,amargi saged ngrampungake tugas niki tanpa wonten
alangan menopo-menopo
Kula sadar ingkang nyusun tugas niki
mboten kenton saking pihak-pihak liya,ingkang bab niku kula aturaken matursuwun
kangge :
Bapak
lan ibu
Bu
Rafikatun s.pd ingkang dados Guru
pemampu ingkang sampun ngrewangi pandamelan tugas niki.
Mugi-mugi
petulungan beliau niku angsal limpahan rahmad saking Allah SWT. Amiin
Kula
sadar, ingkang ndamel tugas niki tasih kathah kakirangan,ingkang wonten kritik
lan saran ingkang ajeng ngleresi tugas niki nggeh sumonggo.
Mugi-mugi
tugas niki saged bermanfaat kagem pemaos sedoyo.
BAB I
PAMBUKA
A. Wigatosing Rembag
Warisan budaya saking para leluhur punika kathah ingkang saged dipun sinau
dening kawula muda. budaya adilihur punika ugi saged paring pambiyantu para
muda ingkang ngangsu kawruh ngembangaken kabudayan. satunggaling budaya luhur
ingkang taksih sae inggih menika wayang . wayang iku pagelaran nganggo bonéka
kang umumé katon éndah ing wewayangané lan dilakokaké déning dhalang kanthi
iringan gamelan. Bonéka kasebut bisa kang awujud 2
dhimensi utawa awujud 3 dhimensi. Umumé, kang wujud 2 dhimensi, kagawé saka
kulit (walulang), kang biyasané kulit sapi, utawa wedhus. Lan kang wujud 3
dhimensi, lumrah digawé saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang
manéka warna adhedhasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawatara tlatah,
uga ana kang gawé wayang saka suket, lan kerdhus, ananging wayang jinis ngéné
iki ora pati akčh ditemoni.
B. Ingkang Wigatos Dipunrembag
Lumantar
makalah menika, badhe dipunaturaken uneg-uneg ingkang wonten gandheng
cenengipun kaliyan kados pundi pangertosan wayang menika lan wayang menika
langkung ngrembaka lan kondhang kawentar wonten masyarakat Indonesia
khusussipun masyarakat Jawi piyambak. Babagan menika wigatos sanget
dipunpenggalih khususipun dening warga ingkang rumaos “asli” saking Jawi, utawi
sinten kemawon ingkang hanggadhahi raos handarbeni dhumateng wayang, supados
kawontenan tiyang Jawi lan ugi kabudayanipun langkung dipunakeni dening
kelompok-kelompok warga ndonya sanesipun.
C. Kekajengan Ingkang Dipunrembag
Wonten 3 perkawis ingkang
dopunaturaken wonten makalah menika:
1.menapa ingkang dipuntegesi
wayang?
2.kados pundi sejarahipun wayang?
3.kados pundi sebutanipun wayang
menika?
BAB II
WAOSING PIREMBANGAN
2.1 Sejarah
Miturut
para ahli budaya uga panemune penyelidikan para ahli arkeologi singana ing Indonesia,
kesenian budaya wayang kuwi saktemene bentuk asline wisono biyen-biyen, rikolo
isih jaman kuna, yaiku jaman sakdurunge ana agamaHindu Budha. Ing jaman semana
sing diarani budaya wayang wis diduweni karodening bangsa Indonesia dewe. Dadi wayangkuwi
iya kabudayan asline bangsa.Wektu kuwi, budayawayangisih cedak hubungane karo
muja-mujine kapercayananimisme sing isih pada dianut para leluhuring bangsa
Indonesia.Miturut kapercayan Animisme roh nenek moyang utawa leluhur bisa
dienggonyenyuwun petunjuk bantuan kanggo kamulyan uga biso disuwuni
kanggo pengayom kasusahaning lan kacilakane menungsa. Kosok baline ruh
kuwi mauiya uga dipercaya sing bisa ndadekake gangguan utawa kacilakane
menungsa.Mula rikala semana, yen ana karep kanggo nyenyuwun bantuane roh para
leluhur, banjur dianakna kaya dening upacara ritual selametan, sing jarene
bisa ngundang,nimbali para rohing leluhur sing wis pada seda kanggo disuwuni
keselametan lankamulyane menungsa. Upacara ritual mau dianakna dibarengi
nganggo cara gawe pagelaran wayang. Kacarios woten ing wiwitaning tahun
masehi, bangsa Hindu ingkang asalipunsaking Jazirah India kathah ingkang sami
datheng dados imigran ing Indonesia. Lajengkebudayaan Hindu-Budha menika
pungkasanipun saged dipuntrima dening masyarakatJawi. Wonten ing jaman menika, basa
Sansekerta sampun dipunagem dening kalanganbangsawan ingkang salajengipun
mempengaruhi basa asli Jawa tuwin Bali. Wonten ingmriki kesenian
2.2 Wayang golek
Sejarah
Ana sawenèh versi kang nduduhaké
dumadiné wayang golèk, ing antarané, miturut kitabSanghyang Siksa Kandang Karesian(1518), cerita babagan Ramayana lan Adiparwa wis wiwit ing
kawitan abad 16. Cerita
Ramayana lan Adiparwa iki di ceritakaké déning memen (sebutan liya kanggo dhalang). Nanging ing kitab kuwi
ora sinebutaké jeneng wayang. Miturut ahli pewayangan M. A. Salmun, Wayang
golèk cinipta déning Sunan Kudus ing abad
15-16. Wayang golèk mujudaké kréasi sunan Kudus adhedhasar wayang kulit (1583). Versi
liya kang manut ahli wayang Wiryanapura nuduhaké yèn wayang golèk antuk
prabawa utawa pengaruh saka tanahJawa(Jawa Tengah). Ing
wiwitan abad 19 panguwasa wilayah Bandhung ngundhang
seniman wayang kulit saka Tegal. Ki Dipaguna Permana ditimbali
déning Adipati Wiranatakoesoema II utawa Dalem Kaum(1794-1829), Wayang Kulit kang dipentasake Ki Dipaguna nganggo pelantaran basa Jawa dhialèkTegal. Abad 19
tengahan wayang kang nganggo dhialèk Tegal ngrembaga sakupengé dhaérah sundha bagiyan
tengah, lor, lan kulon. Ki Dipaguna uga mundhut murid saka Sunda kang
digladhi bab wayangan. Sawisé Adipati Wiranatakoesoema II lèngsèr,
panguwasa Kabupatèn Bandhung sabanjuré Adipati Wiranatakoesoema III nimbali
para dhalang saka Tegal liyané. Ki Darman (ahli yasa wayang), Ki Rumiang (dhalang), lan Ki Surasungging (ahli
gendhing). Panjenengané Bupati Bandung
ngersakaké Ki Darman kanggo yasa wayang kang digawé saka
kayu, wujud wayang gagrak anyar iki béda saka wayang kulit kejaba kuwi crita
lan wanda apa déné prawakan tetep jèbles lan miturut babon Ramayana lan
Mahabarata. Déné Ki Rumiang dadi dhalang ing kabupatèn Bandung. Murid saka Ki Rumiang, Anting dadi dhalang Sundha sepisanan kang ngabdi marang Adipati Wiranatakoesoema IV utawa Dalem Bintang(1846-1874).
Wayang golèk sawijining
jinis wayang Indonésia kang ngrembaka ing tanah Sundha. Cerita
wayang golèk nyritakake lakon Mahabharata lan Ramayana.
Lakon Wayang
Golek
Lakon wayang
golèk pada karo lakon wayang kulit, amarga kanthi
adhedhasar babon Ramayana lan Mahabharata. Ananging,
bédané ana ing basa kang digunakaké nganggo basa kawiSundha. Lakon
wayang golèk uga ana gagrag kanthi adhedhasar dhialèk sundha ciri iringan
gendhing yakuwi,
- Priangan (Bandung, Cianjur, Ciamis, Tasikmalaya, Garut, Sumedang)
- Kaleran (karawang, Bekasindramayu, Majalengka, Cirebon, Kuningan)
- Bogor lan Sukabumi
Ing Cirebon
ana crita wayang khusus sing
ora tinemokaké ing wewengkon pasundhan liyané yakuwi wayang golèk cepak utawa
wayang golèk ménak utawa wayang bendo, kang critané:
- Amir Hamzah
- Crita lumebuné agamaIslam ing tanah Jawa
- Crita legendha tanah Jawa
Lakon kang
asring dipentasake ing Wayang Golèk antarané :
- Suksmajati
- Lengatala Ical
- Astrajingga (cepot) Rabi
- Budak Buncit
- Rikmadenda
- Pergiwa-pergiwati
- Mintaraga, lsp
Kahanan
Kadosta
padatane alur cerita pewayangan, wayang golek uga duweni lakon satriya lan
lakon carangan. Alure cerita bisa dijupuk saka cerita rakyat kaya sumebare
agama Islam dening Walangsungsang lan Rara Santang utawa saka
epik kang sumbere saka cerita Ramayana lan Mahabarata kang
dialihbasa dadi basa Sunda diiringi gamelan Sunda (salendro),
saron loro, peking, selentem, saperangkat boning, saperangkat boning rincik,
saperangkat kenong, sapasang gong (kempul lan
gong), ditambah saperangkat kendang (kendang
Indung lan kulanter telu), gambang lan rebab. Ana ing
gelaran wayang golek, lakon kang biasane tampil kuwi lakon carangan
kadang-kadang nyeritakake galur.
Pola
pengadegan wayang golek yakuwi; 1) Tatalu, dalang lan sinden munggah panggung,
gending jejer/kawit, murwa, nyandra, suluk/kakawen, lan biantara; 2) Babak
unjal, paseban, lan bebegalan; 3) Nagara sejen; 4) Patepah; 5) Perang gagal; 6)
Panakawan/goro-goro; 7) Perang kembang; 8) Perang raket; lan 9) Tutug. Gunane
wayang iki ning masyarakat kuwi kanggo ngaruat, kang biasane diruwat
kuwi : 1) Wunggal (anak siji-sijine); 2) Nanggung Bugang
(adhi kang ditinggal mati kangmase); 3) Suramba (anak lanang kang
gunggunge papat); 4) Surambi (anak wadon kang gunggunge papat); 5) Pandawa
(anak lanang kang gunggunge lima); 6) Pandawi (anak wadon kang gunggunge
lima); 7) Talaga Tanggal Kausak (anak lanang kang diampit anak wadon);
8) Samudra hapit sindang (anak wadon kang diampit anak lanang), lsp
Saiki wayang
golek dadi pagelaran seni rakyat, gunane ora namung ngruwat ananging uga kanggo
kabutuhan masarakat, kabutuhan spiritual utawa kabutuhan material. Kaya
acara perayaan hajatan (pesta kenduri) khitanan, balakrama lan hajatan
liyane. Saiki wayang golek ora namung dadi pagelaran seni rakyat, kerajinan
wayang golek uga didadikake oleh-oleh dening para wisata. Lakon wayang sing
padatane digawa dadi oleh-oleh kuwi Rama karo Shinta, Arjuna, Srikandi, lan
Krishna.
Bahan Wayang
Golèk
Wayang Golèk
kagawé saka kayualbasia, dawané 15-30 cm. Bagiyan rai diukir lan
dikelir nganggo cat, déné bagiyan awak diwènèhi kain kang wis dijait lan direrengga.
Karakter
wayang golèk
Wanda ing
wayang golek kaperang dadi papat miturut Katie Foley, yakuwi Redefined (paraga
tama), strong (paraga keras), special (paraga tambahan), lan ogre
(buta).
- Paraga tama
Kang mlebu
ing kategori iki yakuwi kabeh karakter kang nduwene sipat lungguh, ladak,
satria putri lan dewa.
- Paraga keras
Kang kalebu
ing kategori iki yakuwi paraga kaya punggawa utawa paraga kang gampang nesu.
Punggawa kaya Gatotkaca, lan Rahwana minangka paraga kang gampang nesu.
- Paraga tambahan
- Buta
Ogre utawa
Buta yakuwi paraga kang dadi memungsuhane para satriya, dene pawakane gedhe,
matane amba, irung gedhe, lan untune kang rangah-rangah. Wayang Golekdipentasake
7-8 jam ing wektu wengi, dene panggonan dalang kang ginawe
saka dhebog gedhang sinebut jagat. Wayang Golek dipentasake kanggo acara-acara
hajatan umpamane nikahan , tetakan , khaul lan sapiturute.
Dhalang
Wayang Golek
Dhalang
wayang golek kang terkenal antarané;
Nah itu salah satu contoh Makalahnya tapi inget ya kawan jangan hanya copas doang, ayo di kreasikan lagi, Monggo...
SEE YOU NEXT POST..



0 comments:
Post a Comment